Minggu, 15 Januari 2017

UTS Semester Ganjil kelas XI

PEMERINTAH KABUPATEN KEDIRI
DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAHRAGA
UPTD SMA NEGERI 1 PAPAR
Jl. Raya 382 Janti Kec. Papar Kab. Kediri
Telp. (0354) 529288 Fax (0354) 452032 Kode Pos 54153
e-mail stupakediri@gmail.com Website Sekolah www.sman1papar-kdr.sch.id
Website kab. Kediri www.kedirikab.go.id

NASKAH ULANGAN TENGAH SEMESTER GASAL
TAHUN PELAJARAN 2016/2015
Mata Pelajaran : BAHASA JAWA
Kelas/Program : XI
Jumlah Soal : 25
NAMA          : ..........................................
KELAS         : ..........................................
NO. ABSEN : .......................................... NILAI: TTD ORTU:



Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih salah siji wangsulan kang  paling bener !

1. Obah ingering jinantra ndonya
Datan siwah  lan rodha pedhati
Ana kalane ing jumantara
Ana wektune ing ndhuwur bumi.

Isine geguritan ing ndhuwur yaiku……….
a. Nggambarake rodhane pedhati kang munyer terus kaya dunya iki.
b. nggambarake ubenge ndonya kang dipadhakake rodhane pedhati. Kadhangkala ing ndhuwur, kadhangkala tumapak ing bumi.
c. Nggambarake rodhane pedhati kang kadhang-kadhang ing ndhuwur, kadhang-kadhang  tumapak ing bumi.
d. Nggambarake manawa isine alam donya iku munyer terus ora tau mandheg kaya cikar kang lagi mlaku.
e. Nggambarake nasibe manungsa kang kala – kala kepenak kaya rodha sisih ndhwur, kala-kala ora kepenak kaya rodha sisih ngisor.
2. Mula yen nuju tinunggon begja
Ywa age-age gumuyu latah
Jer samubarang kahanan donya
Tetep nora langgeng…..bisa owah

Pesen kang tinemu ing geguritan kasebut, yaiku………..
a. Wong urip iku kepingine seneng terus mula nganti langgeng ora bisa owah.
b. Yen pengin seneng kudu tansah ngguyu banter.
c. Aja gampang kudu ngguyu latah yen lagi nampa kabegjan ana alam donya.
d. Aja seneng  nemen yen nuju beja amarga sawayah –wayah bisa uga cilaka.
e. Wong urip iku kudu ngupayakake kabegjan supaya ora  nampa kacilakan.
3. Wong wasis paring pepeling
Tansah ngulati wektu kang ana
Ngelingi yen kabeh mung titipan
Bisa ilang ing samangsa-mangsa
   
Kepriye welinge para wasis / wong pinter ing pethikan guritan kasebut ?
a. Wong wasis iku kudu tansah ngadhepi kahanan kang ana amarga ana titipan.
b. Wong pinter iku kudu ngeling-eling yen kabeh mung titipan.
c. Wong iku kudu tansah waspada marang titipan supaya ora ilang.
d. Wong wasis / wong pinter kudu tansah ngulati kahanan kang bisa ilang samangsa-mangsa.
e. Wong iku kudu tansah ngati - ati, jalaran kabeh kang ana iku mung titipan sawayah-wayah bisa ilang.
4. Wangun geguritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora kudu kawiwitan aksara gedhe sarta ora dipungkasi tandha waca, struktur fisik geguritan kasebut diarani ....
a. Tipografi
b. Diksi
c. Imaji
d. Wirama
e. Busananing basa
5. Ing ngisor iki sing kaebu struktur batin geguritan, kajaba ....
a. Wirama
b. Rasa
c. Tema
d. Amanat
e. Nada
6. Panganggone basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake anggepan (konotasi) tartamtu sarta bisa nuwuhake rasa kaendahan diarani ....
a. Wirama
b. Rasa
c. Tema
d. Busananing basa
e. Nada
7. Ing ngisor iki kalebu tembung entar, kajaba ....
a. Bocah kae pancen dawa tangane.
b. Becik ketitik ala ketara.
c. Kae pancen wong kang lunyu ilate.
d. Wong kuwi atine ana wulune.
e. Dadi wong iku sing jembar segarane.
8. Angin sore iki ngelus- ngelus atiku. Ukara kasebut kalebu gaya bahasa ....
a. Metafora
b. Personifikasi
c. Repetisi
d. Pleonasme
e. Hiperbola
9. Tresnaku sundhul wiyati. Ukara kasebut kalebu gaya bahasa ....
a. Metafora
b. Personifikasi
c. Repetisi
d. Pleonasme
e. Hiperbola
10. Narti saiki dadi bau tengene Bu Lurah. Ukara kasebut kalebu gaya bahasa ....
a. Metafora
b. Personifikasi
c. Repetisi
d. Pleonasme
e. Hiperbola
11. Ndonga bareng-bareng sing ditekani para tangga teparo lan dipangarsani dening tetuwa angganing adhat utawa tokoh sing dianggep tuwa ing sawijining wewengkon, diarani ....
a. Slametan
b. Brokohan
c. Kenduren
d. Sambatan
e. Rembugan
12. Kenduren kang ditindakake ing wektu ndungkap sasi pasa diarani ....
a. Kenduren wetonan
b. Kenduren sa’banan
c. Kenduren bakdan
d. Kenduren selikuran
e. Kenduren ruwahan
13. Sadranan utawa nyadran yaiku rerangken tatacara sing wis dadi tradhisi sing dilakoni ing wulan ....
a. Sura
b. Sapar
c. Besar
d. Ruwah
e. Pasa
14. Mbak Sari lagi nguleg sambel ing dhapur. Tembung kng kacithak miring ing ukara kasebut kalebu tembung ....
a. Rura basa
b. Entar
c. Saroja
d. Garba
e. Yogaswara
15. Yen ora bisa ngrampungi prekara nyuwuna pirsa bapak, amarga bapak iki bab apa-apa pepak. Ukara ing dhuwur kadunungan tembung ....
a. Rura basa
b. Entar
c. Saroja
d. Garba
e. Yogaswara
16. Aja mangan ing tengah lawang mengko mundhak angel ketemu jodho. Ukara kasebut kalebu ....
a. Rura basa
b. Entar
c. Saroja
d. Garba
e. Yogaswara
17. Ukara ing ngisor iki kadunungan tembung rura basa, yaiku ....
a. Bocah cilik kae dolanan ing latar.
b. Ana pasar akeh copet ketangkep.
c. Ibu lagi adang sega ing dhapur.
d. Garwane Pak Eko dadi bidan.
e. Cita-citaku dadi wanita karir.
18. Ing upcara panggih, penganten sakloron nggawa godhong suruh sing matemu rose kang dilinthing diboboti jambe, ditaleni lawe putih, kang diarani ....
a. Bantalan
b. Gantalan
c. Kembar mayang
d. Sindur
e. Antiga
19. Ing nbgisor iki kalebu tembung rura basa, kajaba ....
a. Nggodhog wedang
b. Ngenam klasa
c. Mbunteli tempe
d. Menek klapa
20. Tarup iku kerata basane kang trep yaiku ....
a. Nata ben murup
b. Sing nata wayah surup
c. Sing nata durung raup
d. Ditata wayah surup
e. Ditata supaya katon murup
21. Tatacara ingkang pasemonipun pepenget dhumateng temanten putri, supados tansah ngabekti dhumateng temanten kakung, inggih punika ....
a. Sungkeman
b. Timbangan
c. Kacar-kucur
d. Pupuk
e. Sindur
22. Tatacara ingkang nggadhahi pasemon mujudaken satunggaling raos ing lahir lan batos, jumbuh ing sadaya reh gegayuhanipun, inggih punika ....
a. Timbangan
b. Kacar-kucur
c. Sungkeman
d. Dulangan
e. Ngunjuk rujak degan
23. Ing ngisor iki kalebu tembung rangkep dwipurwa, kajaba ....
a. Bebungah
b. Lelara
c. Nyenyuwun
d. Cekakak
e. Wewadi
24. Kang kalebu tembung rangkep dwi wasana, yaiku ....
a. Cengenges
b. Kekudhung
c. Bola-bali
d. Uneg-uneg
e. Wira-wiri
25. Aja ngguya-ngguyu wae, ayo ndang padha diterusake anggone padha tandang gawe!
Tembung kang kaciyhak miring kalebu tembung rangkep ....
a. Dwi purwa
b. Dwi lingga wantah
c. Dwi lingga salin swara
d. Dwi lingga semu
e. Dwi wasana


Tidak ada komentar:

Posting Komentar