Rabu, 18 Januari 2017

UH 1 (drama) kelas XI Genap

A.Wangsulana nganggo tembung kang ringkes!
1.Drama sing isine ngenani crita kang nyedhihake diarani ....
2.Drama kang nduweni tujuan menehi pendhidhikan marang masyarakat kang umume nduweni tema urip padinan diarani ....
3.Paraga kang nduweni watak becik diarani ....
4.Perangan saka babak sing diwatesi denibg obah owahe prastawa sing gegayutan karo mlebu metune paraga saka panggung diarani ....
5.Sawijine paraga nalikane guneman ijen diarani ....
6.Sing mimpin crita drama diarani ....
7.Nalikane paraga diadhepake ing prakara (konflik) dhewe-dhewe nganti klimaks, ana ing struktur teks drama diarani ....
8.Cara panatane papan kanggo nggelar lakon drama doarani ....
9.Mobah mosik kanthi dadakan miturut kondisi lan kahanan ana sajrone pagelaran drama diarani ....
10.Drama sing isine gegayutan karo unsur agama diarani ...

B.Pitakon ngenani drama sekolah favorit!
1.Sebutna paraga sing ana ing drama sekolah favorit!
2.Andharna apa kang dikarepake dening Dinda?
3.Geneya pak Bandung ora sarujuk karo panemune bu Marsisah ngenani sekolahe Dinda?
4.Jlentrehna sing dikandhkake pak Bandung marang Dinda supaya gegayuhane kasil.
5.Pitutur apa sing bisa dijupuk saka drama sekolah favorit!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar