Minggu, 15 Januari 2017

Soal uas bahasa Jawa XII MGMP kab. Kediri

I. Wenehana tandha ping (X) ana aksara a, b, c, d, e ana ing wagsulan kang paling bener!

KD : Menceritakan isi tembang campursari yang didengar dan relevansinya dengan kekinian.

1. Sajrone kesenian Jawa sing paling kesuwur yaiku campurasi. Campursari yaiku.....
A. Kesenian daerah
B. Tradhisi Jawa
C. Tembang sing ana paugerane
D. Lelagon Jawa
E. Lelagon kang iso madhangi ati

2. Campursari bisa awujud......
A. Langgam lan mbanyuwangian
B. Langgam lan umpak-umpak
C. Mbanyuwangian lan melayu
D. Umpak-umpak lan melayu
E. Bawa lan mbanyuwangian

3. Kena ngapa campursari kuwi ngandhut nilai-nilai lan amanat sajrone lelagone.....
A. Supaya apik
B. Supaya bisa diapresiasi
C. Supaya bisa didol kanthi rega larang
D. Supaya bisa oleh biji apik
E. Supaya akeh sing nyenenge leleagone

4. Bebasan Koyo Ngenteni Udan Ning Mongso Ketigo
Najan Mung Sedelo
Ora Dadi Ngopo
Penting Iso Ngademke Ati
Tuladha tembang campursari ing nduwur irah – irahanipun…
A. Pacobaning urip                                 
B. Layang Swara                                    
C. Tanjung Mas Ninggal Janji
D. Kangen kowe
E. Ketaman asmara

5. Arep sambat nanging karo sopo…
Lanjutanipun tembang campursari menika…
A. Nyatane ora kuwowo
B. Nyesake atiku sansaya nelangsa
C. Wistak lali-lai
D. Malah sansaya kelingan
E. Wong ayu kang dadi pepujanku

6. Ing ngisor iki penyanyi campursari, kejawi…
A. Manthous
B.     Didi Kempot
C.     Sunyahni
D.    Sonny Joss
E.     Aning Katamsi

7. Ing ngisor iki kang kalebu lelagon dolanan campursari....kajaba....
A. Kuda lumping
B. Ilir-ilir
C. Buta galak
D. Jamu-jamu
E. Ngidhamsari

KD : Sesorah dalam berbagai upacara (hari besar, keagamaan, dan adat)

8. Ing ngisor iki sing ora kalebu atur kasugengan ana pamedhar sabda yakuwi ….
A. Panjenenganipun ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang anggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen.
B. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
C. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan
D. Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah kawilujengan…
E. Para rumaja putera lan rumaja puteri ingkang tansah sinandhing ing Gusti

9. Ing ngisor iki sing  kalebu atur puji syukur dhateng pangeran yakuwi …
A. Panjenenganipun ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang anggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen.
B. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
C. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan
D. Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah kawilujengan…
E. Para rumaja putera lan rumaja puteeri ingkang tansah sinandhing ing Gusti

10. Dene sing kalebu atur nyuwun pangapunten yakuwi ….
A. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
B. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan
C. Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah kawilujengan…
D. Para rumaja putera lan rumaja puteri ingkang tansah sinandhing ing Gusti
E. Salajengipun saestu linepatna ing deduka, tinebihna ing tulak sarik, dene kula kumantun lumaraping atur saengga ngirangi kamardikan panjenengan sadaya ingkang nedheng eca wawan pangandikan.

11. Nuwun, inggih awrat mundhi panyuwunipun adhi kula pun Drs. Harjuna Sasrabahu sekalian, lumantar sedherek Panata Laksita supados paring sabta tamanutawa ular-ular risang penganten sarimbit. Pancenipun awrat amargi dereng drajatkula supados ngaturi ular-ular menika
Perangan ular-ular ing ndhuwur kalebu …
A. Atur puji syukur
B. Atur kasugengan kairing atur panuwun
C. Wedharing gati
D. Atur nyuwun pangapunten
E. Panutuping atur

12. Tumindak micara kuwi sakabehing pari-polahing manungsa. Sing kalebu polahing manungsa yakuwi … kajaba ….
A. Obahing peranganing awak
B. Rasa-pangrasa
C. Pasuryan
D. Budi pekerti
E. Jiwaning manungsa

13. Sesorah kang katindakake  kanthi nggawe cathetan cilik kanggo pangemut-emut diarani ….
A. Apalan
B. Naskah
C. Dadakan
D. Impromtu
E. Ekstemporan

14. Sesorah kang biasa katindakake dening pejabat utawa punggawa nagari yakuwi …
A. Apalan
B. Naskah
C. Dadakan
D. Impromtu
E. Ekstemporan

15. Sing ora kalebu sanguning juru sesorah yakuwi ….
A. Nguwasani bahan
B. Nduweni rasa wani
C. Subasita
D. Patrap utawa sikep
E. Basa  lan  sastra

16. Basa sing kudu diugemi dening juru pamedhar sabda yaiku … kajaba….
A. Sapa sing guneman
B. Sapa sing dijak guneman
C. Sapa sing digunem
D. Swasana nalikaning guneman
E. Cara-carane guneman

KD : Membaca cerita wayang yang disampaikan secara langsung atau dalam bentuk rekaman ataupun langsung
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 11- 25
Ing ngisor iki ana crita wayang (kalebu Mahabharata), wacanen kanthi permati !

ANTAREJA
            Asma pepake Raden Antareja ya Raden Anantareja. Isih wayahe Dewa ing kahyangan Saptapratala ya Sanghyang Anantaboga. Ibune akekasih Dewi Nagagini. Dene ingkang ngukir jiwa ragane Raden Antareja iku satriya ing Munggulpamenang Raden Harya Sena. Apa sebabe Raden Harya Sena bisa tekan Saptapratala, critane mangkene.
Ing nalikaning Kurawa nganakake pista ing Bale Sigala-Gala, Pandhawa diundang dalasan Dewi Kunthi, nanging bale  wewangunan kang dienggoni dening para Pandhawa digawe saka kayu lan kertas kang gampang kobong. Hamung diwangun memper kayu, dicet, lan diplitur sing apik. Jroning pista mau Pandhawa diaturi dhaharan kang wis dibumboni racun, mangkono uga unjukane, ya wis dicampuri racun. Nanging Sang Harya Sena waspada. Dheweke ora gelem mangan lan ya ora gelem ngombe. Malah diisin-isin karo Dursasana barang meksa ora gelem mangan lan ora gelem ngombe.
Kacarita para Pandhawa wis padha mendem, dalasan Dewi Kunthi barang ya melu mendem, dumadakan ora weruh sangkan paraning bilahi ana geni nyaut bale wewangunan kang dipanggoni dening para Pandhawa. Kagegeran, gugup, sigra sang Harya Sena kang cukat trengginas sigra mbopong Dewi Kunthi dalasan adhi-adhine digawa mlayu. Kocapa sajroning bingung ana kang nuduhi dalan yaiku garangan putih kang lakune banjur anjlog ing Kahyangan Saptapratala iku. Sawise padha diwaluyakake dening Sanghyang Antaboga, sarembug suntara wektu ngaso dhisik ing Saptapratala, kang wusanane Raden Harya Sena dipundhut mantu di dhaupake karo Dewi Nagagini. Lan ora suwe Pandhawa banjur nyuwun pamit bali, Dewi Nagagini tinilar ing kahyangan wis ana sajroning kahanan nggarbini.
Bareng tekan leking jabang bayi , babar miyak langse mandhala giri, brol cenger miyos kakung. Dening kang eyang diparingi asma Raden Antareja. Sanalika den dus bayu gege walagang gelis gedhe, glewo-glewo. Raden Anantarejo bergas, dedeg pidegsa, dening ingkang eyang wineleg sakeh ngelmu kadigdayan, kanuragan, kawruh kasepuhan, pinaringan upas kang mandine kagila-gila. Bareng wis tekan diwasa kasektene wis ora nguciwani, nuli takon marang ibune sapa kang sejatine ngukir jiwa ragane . Banjur dijarwani sapa sejatine ramane iku isih trahing kusuma rembesing madu, satriya ing Munggul Pamenang kekasih Raden Harya Sena. Mula Antareja banjur nyuwun pamit bakal ngabekti lawan ingkang rama. Nalika semana mbarengi ing kasatriyan Madukara ana kedadeyan Retna Wara Sumbadra seda diprajaya dening Duratmaka. Kuwandhane kapapanake ing sajroning prau, rinenggo rengga kadidene penganten, dijaga dening Raden Harya Gathutkaca saka dirgantara.
Kacarita lakune Raden Anantareja jumedhul saka pratala tiba ing pinggire Begawan Swilugangga, panggonane prau kang momot layone Dewi Wara Sumbadra. Sarehne ana kahanan kang nyalawadi, Raden Antareja kepingin sumurup apa isine prau mau, banjur dititi priksa, lan nuli weruh layon. Ketang gedhe rasa kamanungsane, layon banjur diuripake. Sawise waluyo jati nuli tetepungan, yen garwane satriya ing Madukara, Raden Harjuna lan genti yen dheweke putrane satriya Pandhawa Raden Harya Sena…..
                                                            Kapethik saka PS edhisi 50, 15 Desember 2007


 
17. Crita wayang ing dhuwur nduweni alur ….
A. Lurus
B. Mundur
C. Maju mundur
D. Mundur maju
E. Maju

18. Ing ngisor iki latar kedadeyan crita ing dhuwur kajaba ….
A. Kasatriyan Madukara
B. Bale Sigala-Gala
C. Kahyangan Saptapratala
D. Bengawan Swilugangga
E. Negara Ngamarta

19. Ramane Antareja paring asma…
A. Raden Harya Janaka
B. Raden Harya Sena
C. Raden Puntadewa
D. Raden Nangkula
E. Raden Sadewa

20. Ing ngisor iki watake para Kurawa ….
A. Licik, duraka, sareh, seneng maeka
B. Licik, duraka, seneng pista, aweh pitulungan
C. Licik, seneng pista, seneng maeka, duraka
D. Licik, duraka, seneng maeka, loma
E. Licik, seneng maeka, loma, tresna marang sedulur

21. Sing kalebu watake Raden Harya Sena… kajaba….
A. Satriya pinunjul yuda
B. Tresna marang sedulur
C. Ngabekti marang wong tuwa
D. Adigang, adigung, adiguna
E. Sekti mandraguna

22. Janaka kuwi kapernah … karo Antareja.
Tembung kang trep kanggo ngisi ukara gothang ing ndhuwur yaiku ….
A. Paman
B. Ponakan
C. Putu
D. Anak
E. Uwa

23. Dene Ibu Dewi Kunthi kuwi kapernah … karo Sanghyang Antaboga.
Tembung kang trep kanggo ngisi ukara gothang ing ndhuwur yaiku ….
A. Maratuwa
B. Besan
C. Mantu
D. Misanan
E. Ponakan

24. Dewi Wara Sumbadra kuwi garwane ….
A. Raden Puntadewa
B. Raden Haryasena
C. Raden Janaka
D. Raden Nangkula
E. Raden Sadewa

BATHARA  SURYA
            Bathara Surya uga peparap Sanghyang Wiwaswat, ya kekasih Sanghyang Martanada sanyata Dewaaning Rahina, kahyangane ana ing Ekacakra. Sanghyang Bathara Surya kagungan garwa loro yaiku Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Miturut pakem pedhalangan, Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni padha pinaringan antiga siji sewang (niji) dening Sanghyang Bathara Guru. Antiga iku pinangkane saka Dewi Kastapi, putra-putrine Bathara Wisnu. Antiga kang diparingake Dewi Ngruna ing tembene netes dadi loro yaiku Kagendra Sempati lan Kagendra Jenthayu . Dene ingkang kaparingake marang Dewi Ngruni netes dadi Naga Gombang lan naga cilik-cilik sapirang-pirang.
Manut carita pedhalangan  Bathara Surya atmajane Bethara Ismaya (Semar), kagungan titihan kang awujud kreta bhirawa apanggeret turangga pitu cacahe, padha gedhene, padha rosane lan padha dene banter playune.
Ya kreta kuwi kang nate diampil Sanghyang Bathara Wisnu, dienggo nggiles satruning Suralaya Prabu Watugunung rati ing Gilingwesi nganti tumekaning tiwas (nalika cangkrimaning sang prabu wis kelakon kabadhe dening Sanghyang Wisnu).
Putrane Sanghyang  Bathara Surya kang kerep kacaritakake ana ing pedhalangan ana loro: Sanghyang Rawiatmaja, yaiku ingkang nurunake para ratu ing Maespati. Dene kang angka loro, Sang Karno Basusena ingkang miyos saka Dewi Kunthi. Kajaba peputra Karno Basusena, Bathara Surya uga apeputra putri  yaitu Dewi Tapati. Dene Dewi Tapati nuli kagarwa dening Prabu Samwarana (Sambarana), peputra kakung Prabu Kuru.
Tedhak turune Prabu Kuru diarani Kurawa. Bisane Prabu Samwarana kaleksanan nggarwa Dewi Tapati, awit saka pitulungane Sang Maharsi Wasistha kang diaturi nglamarake sang Dewi. Ya, sowan Bathara Surya, Nyuwun supaya Dewi Tapati kepareng kagarwa Prabu Samwarana.
Kacarita Sang Bathara Surya iku kalebu salah sijining jawata kang mbeling, seneng nggonjak Widadari ing Kaenran, kalebu Dewi Windradi ya Dewi Windrati. Rehning Bathara Indra ngawuningani bab lekase Dewi Windradi kang agawe kuceming kawibawan Kaendran nuli bakal kadhawuhan tumurun ana ing madya pada, sarta bakal kajodhokake karo Sang Maharsi Gutama. Apa sebabe dene kang pinilih bakal kaparingan jodho Dewi Windradi kok Maharsi Gutama? Ana perkara kang dadi keprihatinane para Dewa.
Maharsi Gutama kuwi nggone anggentur tapa katarima dening Hyang Suksma Kawekas, tandhane,  resi Gutama iki sekti mandraguna, awas pandulune ora mung netrane nanging uga batine, bisa wuninga marang kedadeyan kang bakal klakon nadyan atusan taun bakale. Kapindho mandi sabdane malah kapara ngungkuli para Dewa ing kahyangan. Para Jawata padha nguwatirake, kalebu Bathara Surya.
Mulane bareng midhanget yen Dewi Windrati arep diparingake marang sang Maharsi Gutama, nuli ditemoni ing patenggane sang dewi bab sandining laku sarta kaparingan jimat Cupu Manik Astagina kanggo piranti sesambungan. Kagawa saka bektine sang Maharsi Gutama marang ingkang murba wasesa jagat saisine iki, sanadyan kersane Bathara Indra iku wis diwuningani, nanging ora kersa andhisiki. Mulane nadyan tata gelar Dewi Windrati iku dadi garwane, nanging babar pisan tan nate ngladosi pulang asmara. Nganti apeputra telu, Anjana, Anjarnaka, lan Anjani putri pambayune. Kabeh putrane Dewi Windrati kuwi patutan karo Dewa Rahina ya Bathara Surya. Parandene katresnan lan pamomonge marang putra putri  telu mau katon gemati banget, ora mantra-mantra yen mau kabeh turase Bathara Surya. Resi Gutama pancen pinunjul lan limpat ing budi miwah bangkit ngaling-alingi wewadining para Dewa. Hyang Suksma banget rena lan tresna marang Sang Maharsi, mula nadyan Jawata anak Dewa kadidene Bathara Surya tansah sor wibawa karo sang Maharsi.
Ora mung kandheg semono Bathara Surya nggone maksih ngujo hawa nepsune, rumangsa darbe kalenggahan pangwasa dadi dewataning rahina, nalikane jaman Prabu Pandhu uga diambali maneh. Nalika semono Dewi Kunthi Nalibrata kagungan guru Begawan Durwasa utawa Druwasa. Sang Dewi pinaringan aji-aji kang aran Aji Sabda Tunggal tanpa lawan utawa aji Adityahredaya, yen winateg bisa nekakake dewa. Larangane ora kena diucapake wektu siram. Dewi Kunthi kepengin nyoba dayaning aji mau, nanging kesupen nalika iku pinuju aneng sasana pasiraman.
Wau ta ing Kahyangan Ekacakra Sang Bathara Surya piniji aso sarira, ketaman getering daya kang asalae saka Negara Mandura, tanggap Sang Bathara, sigra nggeblas marepeki dununging daya pangaribawa, jebul manggon ana njero sasana pasiraman. Sakala kagyat kang tumingal, kekarone padha pandeng-pandengan, sakecap tan ana kang angandika, mung kena dayaning aji Adityahreday mau, embuh sapa kang miwiti datan saranta kekarone wus klelep ing madyaning yuda pulang asmara. Mangka Dewi Kunthi isih kenya, banjur nggarbini. Geger negara Mandura, Begawan Druwasa tinimbalan, pungkasaning jabang bayi kang neng guwa garba nuli sinidhikara. Bareng wis samekta, ana kaelokan si jabang mijil saka ing karnane Dewi Kunthi. Miyos kakung bagus glewo-glewo, winadhahan kandhaga kalarung ing narmada ( bengawan).
Panjebar Semangat-14/2005

25. Bathara Surya sanajan dewa nduweni watak …… saengga putrane akeh
A. angkara murka
B. adil lan wicaksana
C. ambeg paramaarta
D. mbeling lan thukmis
E. sekti mandraguna

26. Ing ngisor iki putrane Bathara Surya sing patutan Ibu Dewi Windrati
A. Anjana, Anjanarka, Anjani
B. Anjana, Anjarnaka, Karno Basuseno
C. Anjana, Anjani, Dewi Tapati
D. Dewi Anjani, Dewi Tapati, Karno Basuseno
E. Karno Basuseno, Sanghyang Rawiatmaja, Dewi Tapati

27. Putrane Bathara Surya kang mijil saka Ibu Kunthi aran …
A. Sanghyang Rawiatmaja
B. Karno Basuseno
C. Dewi Tapati
D. Dewi Windrati
E. Dewi Anjani

28. Watake Maharsi Gutama sing patut tinuladha yaiku …
A. sekti mandraguna
B. ngerti sadurunge winarah
C. mandi sabdane
D. pinunjul nyimpen wewadi
E. gemati marang putrane

29. Bathara Surya kuwi putrane …
A. Bathara Indra
B. Bathara Guru
C. Bathara Ismaya
D. Bathara Wisnu
E. Bathara Wiwaswat

30. Pitutur luhur kang ora cocok klawan pribadhine Bathara Surya yakuwi ….
A. aja drengki
B. aja ambeg siya
C. aja nampik rezeki
D. aja ngrusak pager ayu
E. aja dahwen

31. Crita ing nduwur ngemu pitutur luhur ing ngisor iki kajaba ….
A. Aja nguber hawa napsu, mundhak sengsara uripe
B. Aja dumeh
C. Aja ngrusak pager ayu
D. Aja tumindak rusuh
E. Aja gumedhe

KD : Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan berbahasa Jawa dalam situasi keluarga, sekolah, dan masyarakat dengan unggah-ungguh yang tepat.
32. Kowe yen (dikongkon) bapak kudu manut, supaya bapak ora (nesu). Tembung sing ana jroning kurung krama inggile, yaiku ....
A. dikengken, muring
B. diutus, duka
C. dikengken, duka
D. diutus, muring
E. di, nesu

33. Ing ngisor iki ukara kang nganggo basa ngoko alus, yaiku ....
A. Ibu midhangetake campursari
B. Rama taksih sare.
C. Bapak siktas nedha.
D. Muliha saiki wae!
E. Mangga dipundhahar sawontene.

34. Ukara-ukara ing ngisor iki panganggone basa ngoko alus sing trep, yaiku ....
A. Eyang lagi ningali wayang.
B. Nganti saiki Bulik durung kagungan putra.
C. Adhiku senengane ngunjuk es dhawet.
D. Kucingku saben dina dhahare daging.
E. Saben sore, pitikku nek sare manggon ing kandhang mburi.

35. Nita : Rul, iki dhuwit bageyanmu saka Bu Susan.
Farul : .......
Nita : Isuk mau nalika sadurunge bel mlebu.
Ukara kang trep kanggo wangsulane Farul, yaiku ....
A. Kapan olehe menehke?
B. Kapan anggenipun maringke?
C. Kapan olehe nyaoske?
D. Kapan anggone menehke?
E. Kapan olehe maringne?

36. Kowe sesuk arep diajak ibumu menyang Madiun. Anggonmu matur marang gurumu saperlu nyuwun ijin, yaiku ....
A. Kula benjing kedah panjenengan ijini, amargi kula dipunajak dhateng Madiun.
B. Kula benjing nyuwun ijin, amargi badhe dipunajak ibu dhateng Madiun.
C. Kula benjing boten mlebet, amargi kula badhe tindak dhateng Madiun kaliyan ibu.
D. Dospundi saupami kula benjing dipunajak ibu dhateng Madiun?
E. Kula benjing ijin, badhe tindak kaliyan ibu wonten Madiun.

37. Sampeyan benjing menapa tamtu kesah? Ukara ing dhuwur nggunakake basa ....
A. krama lugu
B. krama alus
C. ngoko alus
D. ngoko lugu
E. krama inggil

38. Aku ora sida mulih saiki, amarga wis bengi.
Ukara kasebut menawa didadekake basa krama lugu, yaiku ....
A. Kula boten tamtu wangsul saiki, amargi sampun dalu.
B. Kula boten tamtu kondur sakmenika, amargi sampun dalu.
C. Kula boten tamtu wangsul sakmenika, amargi sampun dalu.
D. Kula boten kondur sakmenika, amargi sampun dalu.
E. Kula boten wangsul sakmenika, amargi sakmenika sampun dalu.

39. Mbak, kula nyuwun tulung menika mangke panjenengan paringaken Dhik Ayu. Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa ngoko lugu, yaiku ....
A. Mbak, aku nyuwun tulung iki mangke sampeyan paringaken Dhik Ayu.
B. Mbak, kula njaluk tulung iki mengko wenehna Dhik Ayu.
C. Mbak, aku njaluk tulung iki mengko sampeyan wenehke Dhik Ayu.
D. Mbak, aku njaluk tulung iki mengko wenehna Dhik Ayu.
E. Mbak, aku nyuwun tulung iki mangke wenehna Dhik Ayu.

KD : Menulis surat resmi berbahasa Jawa
40. Titi mangsa, adangiyah, lan prapenahan kalebu....
A. Jinise layang
B. Ragame layang
C. Tegese layang
D. Perangane layang
E. Ciri-cirine layang

41. Perangan pungkasaning layang, isine nyuwun pangapura menawa ana tembung kang kurang prayoga sinebut....
A. Wasana layang
B. Surasa layang
C. Tapak asta
D. Pambuka layang
E. Adangiyah

42. Jinise layang sajrone basa Jawa iku ana....
A. 7
B. 8
C. 4
D. 6
E. 5

43. Layang kang isine dhawuhane wong dhedhuwuran marang andhahane (saka wong sing luwih dhuwur pangkate marang wong sangisore) diarani....
A. Layang kitir
B. Layang iber
C. Layang paturan
D. Layang lelayu
E. Layang dhawuh

44. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Atur taklim kawula
Ttd
Kaluwarga Bpk. Hermawan sakbrayat
Ukara ing dhuwur kasebut kalebu perangane layang.....
A. Wasana layang
B. Surasa layang
C. Tapak asta
D. Pambuka layang
E. Adangiyah

45. Sesarengan serat kula punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula sakluwarga ing ngriki pinaringan kabagaswarasan lan kawilujengan. Pratelan kasebut kalebu perangane layang kang diarani …
A. Satata basa
B. Titi mangsa
C.Adangiyah                                                   D. Peprenahan
E. Purwaka

46. Perangane layang kang nerangake kang ngirim layang diarani …
A. Satata basa
B. Titi mangsa
C. Adangiyah                                                   D. Peprenahan
E. Purwaka

Layang undangan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 47-5               Pengurus OSIS SMAN 1 PUNCU                     Kabupaten Kediri
Hal : Undangan
Tumuju marang:
Pengurus OSIS SMAN 1 Puncu
Kediri
                Kula Nuwun,
                Kasarasan lan karahayon muga tansah ketampa marang para kanca.
Kanti lumantare layang iki, muga-muga para kanca kabeh pikantuk ginanjar wilujeng nir ing sambikala saka Gusti Ingkang Maha Agung. Amin. Adhedhasar Pembinaan Kepala Sekolah sarta Pembina OSIS babangan pengetan”Hari Sumpah Pemuda” mula kanca-kanca pengurus OSIS SMAN 1 Puncu lan pewakilan klas SMAN 1 Puncu diaturikumpul ing:
Dina/tanggal : Selasa, 15 Oktober 2016
Wanci            : jam 14.00 WIK (Waktu Iring Kulon)
Mapan ing     : Aula SMAN 1 Puncu
Kapreluan      : Rembungan kegiatan Pengetan”Hari Sumpah Pemuda”
                Cukup semene layang undangan iki, muga ndadeake kawigaten lan taksuwun bisa teka dhewe. Nuwun
                                                                                           Kediri, 01 Oktober 2016
       
          Ketua                                                                                   Sekretaris
           TTD                                                                                        TTD
       Rizki Santoso                                                                  Ratna Candrawinata

47. Undangan kasebut kang diarani purwaka basa/pambuka yaiku…..
A. Cukup semene layang undangan iki, muga ndadekna kawigaten lan taksuwun bisa teka dewe
B. Kasarasan lan karahayon muga tansa katampa marang para kanca kabeh.
C. Kula Nuwun
D. Kanthi lumantare layang iki, muga-muga para kanca kabeh pikantuk ginanjar Wilujeng nir ing sambikala saka Gusti Ingkang Maha Agung. Amin
E. Adhedhasar Pembinaan Kepala Sekolah sarta Pembina OSIS babangan pengetan”Hari Sumpah Pemuda” mula kanca-kanca pengurus OSIS SMAN 1 Puncu lan pewakilan klas SMAN 1 Puncu diaturikumpul

48. Rembungan kegiyatan pengetan “Hari Sumpah Pemuda” bakal manggon ing……
A. aula SMAN 1 Puncu
B. halaman sekolah
C. ruang rapat                                                                          D. kantor guru
E. kantor BK

49. Layang undangan kasebut digawe tanggal………..
A. 11 Oktober2016                                                                      B. 21 Oktober 2016
C. 01 Oktober 2016                                                                           D. 31 Oktober 2016
E. 02 Oktober 2016

50. Ancasane undangan kasebut yaiku......
A. rembungan (Musyawarah) kegiyatan pengetan “Hari Sumpah Pemuda”
B. ngumumake pamingetan “Hari Sumpah Pemuda”
C. ngaturi kumpul kanggo ngrembug (Musyawarah) kegiatan “Hari Sumpah Pemuda”
D. silaturahmi pengurus OSIS
E. persiapan kegiatan “Hari Sumpah Pemuda”

KUNCI JAWABAN
1 D 11 D 21 D 31 A 41 A
2 A 12 D 22 A 32 B 42 D
3 B 13 E 23 B 33 A 43 E
4 C 14 B 24 C 34 B 44 C
5 A 15 C 25 D 35 E 45 E
6 E 16 E 26 A 36 B 46 D
7 E 17 B 27 B 37 A 47 D
8 A 18 E 28 A 38 C 48 A
9 D 19 B 29 C 39 D 49 C
10 E 20 C 30 D 40 D 50 C

Tidak ada komentar:

Posting Komentar