Kamis, 19 Januari 2017

UH 1 (remidi)

Ulangan Harian I (versi remidi)

A.Wangsulana nganggo tembung kang ringkes!
1.Drama sing isine nyritakake kahanan kang sarwa lucu diarani...
2.Drama kang lumrahe nyritakake babagan kasekten, urip ing kraton, uripe dewa-dewi, kedadeyan kang ora tinemu nalar, lan liya-liyane diarani ....
3.Paraga kang dadi panengah anatarane paraga becik lan paraga ala diarani ....
4.Naskah utawa teks drama diarani ....
5.Urut-urutane kedadeyan utawa prastawa sajrone drama diarani ...
6.Pacelathon ing antarane paraga diarani ...
7.Mobah mosike polatane paraga drama diarani ....
8.Cara panatane lampu (pencahayaan) ana ing panggung drama diarani ....
9.Wong kang mirsani crita drama diarani....
10.Drama sing mung nengenake obahe awak tanpa nggunakake wicara diarani ...

B.Pitakon ngenani drama sekolah favorit!
1.Apa tema saka drama ‘sekolah favorit’?
2.Jlentrehna apa kang dikarepake bu Marsidah sawise ngerti sing dadi pepenginane Dinda?
3.Sapa sing dijaluki tulung bu Marsidah supaya gegayuhane Dinda kasil?
4. Geneya pak Bandung ora sarujuk karo panemyne bu Marsidah ngenani sekolahe Dinda?
5.Pitutur apa sing bisa kokjupuk saka drama kasebut?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar